Terimakasih Atas Kunjungan Anda di Blog Sederhana Saya Ini my task: jawa
Tampilkan postingan dengan label jawa. Tampilkan semua postingan

Kamis, 17 Mei 2012

TANGGAP WACANA PAMBUKA PENGETAN MAULID NABI

Assalamu’alaikum wr. wb.
Para sesepuh pinisepuh, alim ulama, kaum muslimin wal muslimat, mukminin wal mukminat rokhimatulallah.
Saderengipun kula matur ingkang kathah, sumangga kula derekaken sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT , dene kula panjenengan sami taksih pinaringan bagas waras, rahmat saha hidayah, saengga saged sesarengan kempal wonten ing Masjid Darussallam mriki, saperlu ngawontenaken pengetan agung, Miyosipun Nabi Agung junjungan kita sadaya, Muhammad SAW, ingkang tansah kita entosi syafa’atipun ing dinten yaumil qiyamat mangke.
Ing dalu punika tanggal 26 Pebruari 2010, utawi tanggal 12 Robiulawal 1431, sadaya umat Islam kabikak manahipun,  kadhodhog jiwanipun,  kagugah badanipun,  saperlu ngaji lan mengeti    ( ngaji dari kata meng “ kaji “ ) Miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, utawi ingkang limrah dipun sebat Maulid Nabi Muhammad SAW, Rosulullah junjungan kita sadaya.
Kula minangka ketua panitia pengetan Maulid Nabi ing Masjid mriki, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng jamaah sadaya, ingkang sampun nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan ing dalu punika, mugiya pikantuk syafa’at saking Kanjeng Nabi, lan Gusti Allah SWT  tansah ngluberaken rahmat saha hidayah Ipun dhumateng kita sadaya, paring ganjaran swarga kangge gesang  kita wonten ing alam akhirat mangke,  Amin … Allahuma … amin.
Boten langkung kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng mudha-mudhi Masjid Darussalam mriki, ingkang sampun nyengkuyung lan nyawisaken sadayanipun, murih regengipun pengetan Maulid Nabi  ing dalu punika. Mugi-mugi Gusti Allah SWT maringi pepulih ganjaran samurwatipun.
Wondene ular-ular hikmah ingkang mujudaken inti saking pengetan Maulid Nabi ing dalu punika mangke,  badhe dipun wedharaken dening Bapak Kyai H. Sholehudin saking Pemalang. Panyuwun kula mugiya ular-ular punika saged mupangati tumrap kita sadaya,  nambah ke Imanan saha ke Taqwaan dhumateng Gusti Allah SWT.
Kula kinten menggah atur pambuka punika kula cekapi semanten kemawon, …lan salajengipun pengetan Maulid Nabi ing dalu punika sumangga kita bikak kanthi waosan  “ Bhasmallah “ …..Bhismillahir rohmanir rohim….Matur nuwun.
Akhirul khalam bilahit taufik wal hidayah wassalamu’alaikum wr. wb.

Jumat, 27 April 2012

TANGGAP WACANA PAHARGYAN PEPISAHAN KELAS IX

Assalamu’alaikum wr. wb
Bapak Kepala SMP 1 Wonosobo ingkang kula hurmati,
Bapak Pengurus Komite Sekolah saha tamu undangan ingkang kula hurmati,
Bapak ibu karyawan lan karyawati ingkang kula hurmati,
Bapak saha ibu guru ingkang tansah kula bekteni,  lan
Rencang-rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani.
Minangka pambukaning atur,  sumangga sesarengan kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring berkah karaharjan, kanikmatan,  saha kasarasan, saengga kita sadaya saged kempal wonten ing pahargyan pepisahan siang punika, kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa..
Keparengan ing mriki kula minangka sesulihipun putra-putri kelas IX,  badhe matur wonten ngarsa panjenengan sami.
Bapak saha ibu guru sekaliyan, utaminpun bapak kepala sekolah,  wonten ing kalodhangan punika kula sakanca  ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjengan sami, awit saking sih katresnan,  sadangunipun tigang tahun, dipun gulawenthah kanthi manah  ingkang sabar, ikhlas, kebak raos tresna lan asih.  Ngantos karaosaken boten wonten bentenipun kaliyan bapak saha ibu ingkang nglairaken kula piyambak. Makaten kalawau saengga samangke saged ngrampungaken  pasinaon wonten ing pawiyatan SMP 1 Wonosobo punika.  Semanten agenging lelabetan kalawau,  pramila,  kula sakanca  tansah dedonga,  mugi-mugi lelabetan panjenengan sami pikantuk ganjaran lan pepulih ingkang matikel-tikel saking Gusti Allah SWT.
Saestunipun awrat anggen kula badhe matur, amargi,  salebeting batin kepingin sanget tansah cecaketan kaliyan bapak saha ibu guru,  ngangsu kawruh ngantos dumugi salaminipun. Nanging temtu kemawon sadaya kalawau boten badhe kelampahan, jer kula sakanca, nggadhahi ayahan lan jejibahan ingkang langkung awrat, inggih punika ngudi kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.  Pramila pudya pangastutinipun bapak saha ibu guru kemawon ingkang tansah kula suwun, mugiya dadosa jimat ingkang tansah nyurung lan nuntun dhumateng lampah kula ngudi gegayuhan minangka sanguning gesang ing bebrayan agung.
Kula sakanca, ingkang badhe nilaraken pawiyatan SMP 1 Wonosobo punika, mbok bilih sadangunipun sesrawungan kathah tindak tanduk saha atur ingkang nguciwani lan kirang mranani, nyuwun agunging samodra pangaksami.  Mekaten ugi dhumateng adik-adik kelas VII lan kelas VIII.
Dhumateng adik-adik kelas VII lan kelas VIII,  nyuwun pandonga sageda kalampahan idham-idhaman lan gegayuhan kula sakanca.  Ugi nyuwun supados adik-adik sregep anggenipun sinau, saha miturut punapa ingkang dados dhawuhipun bapak lan ibu guru.
Minangka pungkasaning atur, mbok bilih namung makaten anggen kula saged matur dhumateng bapak  ibu guru sarta adhik-adhik, sumrambahipun para rawuh sadaya. Boten kesupen kula pribadi menawi wonten klenta-klentu anggen kula  matur, nyuwun agunging samodra pangaksami.
Matur nuwun.
Bilahi taufik wal hidayah, wassalamu’alaikum wr. wb.

Sabtu, 21 April 2012

Kerata Basa

Piring = sepine yen miring.
Suruh = kesusu weruh.
Sindur = isin yen mundur.
Ukir = ukurane pikir.
Andhong = anake supaya gelis nggendhong.
Setir = senajan singset tetep bisa muntir.
Garbu = yen ora mbegar ora bisa mlebu.
Ruji = diruru siji-siji.
Buta = kalbu sing ora ditata.
Gethuk = yen digeget karo manthuk-manthuk

Jumat, 20 April 2012

Paribasan

Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
 Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
 Abag-abang lambe = guneme mung lamis
 Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
 Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
 Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
 Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
 Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
 Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
 Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
 Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
 Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
 Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
 Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
 Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
 Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
 Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
 Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
 Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
 Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
 Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
 Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
 Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
 Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
 Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
 Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
 Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
 Asu marani gebug = njarag bebaya
 Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati

Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
 Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
 Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
 mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
 mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
 mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
 mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
 mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
 mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
 mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
 Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
 Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
 mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
 Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
 Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
 Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
 Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
 Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
 Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
 Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
 Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
 Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
 Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
 Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
 Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
 Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
 Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
 Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
 Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
 Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
 Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune

Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
 Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
 Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
 Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
 Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
 Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
 Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
 Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
 Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
 Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
 Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
 Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
 Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
 Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
 Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
 Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
 Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
 Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
 Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
 Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu

Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
 Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
 Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
 Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
 Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
 Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
 Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
 Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
 Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
 Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
 Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
 Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
 Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
 Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
 Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
 Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
 Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
 Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
 Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
 Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
 Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti
 Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
 Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
 Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
 Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
 Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
 Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi

Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
 Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni

Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
 Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
 Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
 Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
 Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
 Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
 Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
 Entek jarake = wis entek kasugihane

Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
 Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
 ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
 Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
 Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korban
 Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
 Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang sing nakokake
 Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
 Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
 Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutan
 Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon
 Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
 Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
 Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
 Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
 nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
 Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
 Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
 Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
 Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan
 Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
 Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
 nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
 nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
 nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
 Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
 Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak ala
 Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
 Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
 Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
 ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
 Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
 Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
 ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah
 Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake
 Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
 Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
 Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni

Idu geni = sakuni-unine kelakon
 Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
 Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
 Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya

Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
 nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
 nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
 nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
 Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan
 Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
 Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
 Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
 Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
 Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
 Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas

nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
 Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi
 Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
 nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
 nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake

Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
 Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane
 Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
 Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
 Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
 Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
 Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
 Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
 Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu
 Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe
 Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
 Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
 Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
 Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
 Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
 Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
 Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa
 Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
 Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
 Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
 Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
 Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane
 Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
 Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
 Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
 Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
 Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane
 Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
 Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
 Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
 Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
 Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
 Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
 Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada
 Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
 Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
 Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
 Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
 Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
 Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
 Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
 Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
 Kethek saranggon = grombolane wong ala
 Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
 Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho
 Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
 Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
 Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
 Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
 Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
 Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
 Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
 Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
 Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
 Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
 Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
 Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep
 Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
 Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
 Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
 Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
 Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
 Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
 Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
 Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa
 Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
 Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
 Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
 Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani
 Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
 Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni

Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
 Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
 Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
 Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat
 Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
 Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
 Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
 Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
 Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
 Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak

Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
 Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
 Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe
 Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
 Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
 Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh
 Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil
 Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
 Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
 Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
 Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
 Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
 Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
 Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
 Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
 Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
 Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
 Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
 Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
 Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
 Meneng kitiran = ora bisa anteng
 Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya

Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
 Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
 Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
 Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
 Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
 Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
 Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
 Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
 Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
 Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
 Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
 Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
 Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
 Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
 Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
 Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
 Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
 Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
 Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
 Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
 Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
 Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
 Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
 Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
 Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh
 Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
 Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
 Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
 Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
 Nyolong pethek = luput saka pangira
 Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
 Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
 Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
 Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
 Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
 Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
 Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
 Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
 Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
 Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
 Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
 Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
 Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
 Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
 Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
 Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
 Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
 Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
 Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
 Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
 Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
 Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
 Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe
 Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
 Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
 Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
 Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
 Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake
 Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
 Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh
 Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
 Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah
 Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
 Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa
 Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur

Obor blarak = mung sawetara wae
 Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
 Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
 Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
 Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
 Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
 Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
 Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
 Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane
 Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
 Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
 Ora polo ora uteg = bodho banget
 Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
 Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
 Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane
 Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa
 Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)

Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak
 Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
 Pandhitane antake = laire katon suci batine ala
 Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane)
 Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
 Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
 Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
 Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan
 Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman

Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
 Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan
 Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
 Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
 Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake
 Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku
 Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
 Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)
 Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
 Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane
 Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
 Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak
 Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)

Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
 Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh
 Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
 Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur
 Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
 Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen)
 Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
 Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
 Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
 Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane
 Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
 Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
 Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
 Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
 Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
 Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane
 Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
 Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati
 Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene
 Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan
 Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok

Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenane
 Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
 Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere
 Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
 Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
 Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine
 Timun jinara = prakara gampang banget
 Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan)
 Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
 Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
 Tunggal banyu – tunggal guru
 Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
 Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
 Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
 Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane)
 Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
 Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate
 Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
 Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
 Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan

Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane
 Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
 Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
 Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
 Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
 Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget
 Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
 Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
 Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug

Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe)
 Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
 Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
 Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
 Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake
 Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)
 Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
 Waras-wiris = sehat
 Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
 Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane

Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
 Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
 Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartine
 Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
 Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru
A
Adang adang tètèsé embun , tegesé : nunggu barang kang durung mesti.
Aja dumeh , tegesé :aja mentang-mentang
Aja golèk wah, mengko dadi owah , tegesé :aja golek alem wong liyo, mengko mundhak susah
Aji godhong garing , tegesé : ora ono regane
Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana , tegesé :ajining diri ana ing pangandikane, ajining raga ana ing apa sing diagem
Ambeg parama arta , tegesé : nguripi sakebehe sing cilik tekan sing gede
Asu gedhé menang kerahé , tegesé :wong sing luwih kuwoso sing luwih menang
C
Cedhak kebo gupak , tegesé : yen cerak wong ala bakal ketularan alane
Cincing cincing mekso klebus , tegesé : najan wis ngati-ati nanging tetep kena
D
Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra , tegesé :jan pas banget
E
Enggon welut didoli udhet , tegesé : Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
H
Holopis kuntul baris , tegesé : bareng-bareng/ gotong-royong
I
Idu geni , tegesé :sak pocapane diturut (dipercaya)
J
Jalma limpat seprapat tamat , tegesé :wong kang duwur ilmune/ wong kang sekti
Jamur ing mangsa katiga , tegesé : barang kang mustahil
L
Legan golèk momongan , tegesé :gawe perkara
M
Mulat sarira angrasa wani, rumangsa melu andarbèni, wajib melu angrukebi , tegesé :wani tanggung-jawab
Merangi tatal , tegesé :magawe kang ora ana gunane
N
Nawu lintang , tegesé :gaweyan/gegayuhan kang ora bakal kelakon
Nguthik-uthik macan turu, tegese :golek perkara
Njalukan ora wewehan, tegese : seneng njaluk nanging ora gelem weweh
O
Ora ono kukus tanpa geni , tegesé :ananing kedadeyan mesti ana sebabe
R
Rindik asu digithik , tegesé : cepet banget
U
Urun rembug , tegesé :melu omong
Utange nurut wulu , tegesé :utange akeh banget
Utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati , tegesé :balas dendam
Utang nyaur, nyilih ambalekake , tegesé :balas dendam
Uyah kecemplung segara , tegesé :ora ana tilase (tabete)
W
Wong legan golek momongan , tegesé :golek perkara